Selasa, 18 Desember 2012

Latar Belakang Cemara Dua

Tuladha Pambiwara

Assalamuallaikum wr.wb.
Kawula nuwun
Para sesepuh,para pinisepuh ingkang dahat kinakbeten
para tamu sinedhahan ingkang satuhu kinormatan

Nuwun,mugi kepareng panjenengan sedaya,keparengna kulo sumela atur,ingkang ngirangi raos sekeco panjenengan sedaya ingkang nembe wawan pangandikan.inggih nuhoni panyuwunanipun bp....sekeluarga,ingkang saperlu ngaturaken menggah lampah-lampah tatacara pahargyan,ingkang badhe katindhakaken ing siang punika,dinten rabu wege,surya kaping 20,wulan desember tahun 2012.

Saderengipun kulo nglajengaken atur mangga panjenengan kulo dherekaken ngunjukaken donga pamuji mring ngarso Gusti ingkang Maha Kuwaos,inggih awit peparingipun sih wiloso saha nugroho.pramilo wonten ing siang punika panjenengan lan kulo saged nuhoni panyuwunanipun bp....sekeluargo,ingkang paring donga pamuji saha  panjurung pangestu,anggenipun bp.... kepareng badhe ngijab aken putra pawestrinipun,ingkang nama...............

ingkang badhe jinatu krama dening bg......atmaja puta bp      ingkang pidalem sragen.
selajengipun keparengna kulo ngaturaken menggah lampah-lampah tatacara pahargyan wonten ing siang punika.
salajengipun keparengna kulo ngaturaken menggah lampah-lampahing tatacara pahargyan wonten ing siang punika minangka pambiwara purwakaning  pahargyan inggih  meniko pambuko,salajengipuntatacara pasrah panampi,sasampunipun pasrah panampi tumuli katindhakaken ijab qobul.wondene tatacara salajengipun aturpambagyaharia,tatacara ingkang pungkasan,paripurnaning pahargya.

Mekaten para tamu sinedahan menggah lampah-lampah tatacara pahargyan ing siang punika,Mugi Gusti Ingkang Maha Kuwaos tansah paring pangayoman.Dumateng panjenengan lan kulo.
Keparengo hanyekecakaken anggenipun lelenggahan ngantos paripurnaning pahargyan meniko.Nuwun.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar